Sumpah Palapa = Pasa Mutih?
“Lamun
huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring
Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali,
Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”
Iku Sumpah
Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada.
Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal
leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura
(Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda,
Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.
Tembung
amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat
(pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani
tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget
karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S.
Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan =
bumbu pawon.
Enggon-enggonan
mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana
bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan
plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan.
Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu.
Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora
dhahar dhaharan sing dibumboni.
Ing bebrayan
Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku
mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon
Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren
anggone pasa mutih.
Sejatine
sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M.
Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing
buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.
Tembung
palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine
Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama
palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan
amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih.
Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan
iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja
nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.
Tembung palapa mesthi
digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah
palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki
durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana
ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya
ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.
Ana sing
crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune
bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling
kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet
tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane
dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.
Ing bukune
Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan,
pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan
muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura,
kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten
sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing
dipaido ora mengeng.
Sawetara iku
pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali
banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.
https://jayabaya.wordpress.com/2007/01/16/sumpah-palapa-pasa-mutih/#more-97
Tidak ada komentar:
Posting Komentar