Diwales
?
Mbok
Kariyo mono wong sing ubet golek pangan. Wiwit isih prawan apa-apa sing
di bakul mesthi dadi. Eling-eling mbokne biyen olehe ngajari mbok Kromo
nggendhong tenggok wiwit isih iyik-iyik.
Adhang-adhang neng ndalan ana janganan, gedhang, kambil dituku, banjur digawa neng pasar, didol maneh di golekake
bathi. Sekolahe mung tekan S.D, wong dhasare ya anake wong ora nduwe,
arep kanggo apa sekolah dhuwur ?, ngono panemune mbokne biyen.
Tekan
saiki merga keuletane, mbok Kromo uripe cukup. Bukak warung kebutuhane
wong urip sadina-dina. Kejaba sing saiki padha disebut sembako, mbok
Kromo ya ngedhep sabun, rokok, balsem, obat nyamuk. Pokoke sithik-sithik
pepak.
Dene
bojone ya pak Kromo, wiwit jaka bukak bingkil sepedha, tambal ban ing
ngisor wit waru. Entuk-entukane biyen lumayan. Anake mung siji wadon wis
ana S.M.P. klas III, Sumiyati ngono jenenge.
Bocahe
kaya mbokne, rigen, trampil tur lantip pikire, sekolahe lancar durung
tau nunggak. Neng sekolahan tansah kanggo, nduwe tugas ing klase. Embuh
ketua, embuh bendahara, embuh pengurus Osis, Sumiyati mumpuni.
Biyen,
pak Kromo kuwi wong lugu, ning merga saka pengaruh jroning srawung,
ngerti-ngerti kok njur seneng nglelithing jago. Malah njur ngingu jago
bakalan adon-adon. Kejaba kuwi biyen ombyake wong main, pak Kromo ya
njur wiwit ajar main. Dhisike mung cilik-cilikan, ning suwe-suwe ndadi
nggathok lan kesenengan.
Mbok Kromo sajatine wis bola-bali ngelokke, ning ora di gubris, malah wangsulane sengak nglarakake ati :
?Mbokmu
!, dadi wong wadon mono mbok aja nyinyir, juweh. Toh main mono ya
nganggo dhuwit-dhuwitku dhewe, ora njaluk lan ngrusuhi kowe.? Wangsulane
sing wadon mapan :
?Ya bener Pakne, sampeyan ora njaluk dhuwitaku, ning endi kaya neng aku minangka bojo ?? Pak Kromo mangsuli waton golek menang :
?Lha
apa gunane olehmu marung kuwi, yen isih ngincih dhuwite wong lanang??.
Tinimbang rame mbok Kromo trimo meneng. Ning ya kuwi janji njupuk rokok
neng ndhasaran, olehe nyawang mbok Kromo jan nanjakake, lha piye yen
udute pak Kromo nglecis, prasasat entek nyambung. Njur piro bathine
rokok ? Mula pak Kromo ya pinter, yen njupuk rokok nilapake bojone.
Senajan
mbok Kromo ya ngerti, wong mesthi di etung. Gek jeneng mung warung
cilik-cilikan, mula kulake ya mung winates. Kuwi dhek jaman semono
nalika pit isih ana. Saiki sing numpak pit rak keri bocah cilik-cilik,
nunggahe bocah S.D lan S.M.P. Mula pametune pak Kromo ya saya ora
mbejaji.
Karo sing wadon blas… ora tau ngayani, ning ngrokok mangan ajeg, tur yen ora ana lawuhe njegadul ulate, nyebahi.
Mbok
Kromo wis wegah sapa aruh tuwas mung dadi padu. Kanggo ngelingake
bojone, yen wayahe mbayar S.P.P, Sumiyati diajani dikon njaluk bapakne.
Piye wangsulane bapakne :
?Sum,
apa kowe ki ya ora ngerti ta nek bapak kuwi arang-arang payon lehku
mbingkil, merga saiki rak wis arang-arang wong ngingu sepedha, ning wis
dha ngingu motor. Ha mbokya njaluk mbokmu kana, sing dagangane
maprah-maprah.? Sumiyati isih mbegegek neng ngarepe bapakne karo
mangsuli maton :
?Pak,
simbok kuwi wis kanggo ngrembug kabeh wong saomah. Ya mangan, ya
nyandhang lan kanggo praja, nyumbang, layat lan kalumprakan. Bapak ora
mesakke ta, karo simbok ?? Wangsulane bapakne nyentak :
?Ais……
cah cilik kok crigis …… senenge kaya mbokmu ndamil mulang wong tuwa.
Wis kana lunga …… Nek wis ra kuwat mbayar sekolah ya wis rasah sekolah?
kandhane karo klepat lunga.
Mbok
Kromo sing krungu anake di senthak-senthak bapakne, atine kelara-lara.
Gage Sumiyati diparani, dikekep asih, karo tangane digegemi dhuwit
kanggo mbayar S.P.P. tembunge aris :
?Wis
kana nduk, gek ndang sarapan njur budhal sekolah mengko mundhak telat.?
Sumiyati diuculi kelebane, bocahe banjur klentreng-klentreng nyaut tas
terus budhal sekolah tanpa sarapan.
Mbok Kromo mung bisa nyawang karo ngelus dhadha. Atine judheg lan lara ngrasakke bojone sing wis kebablasen seneng ngabotohan.
Pak
Kromo, rumangsa anggone mbingkil ora mesthi ngentukake dhuwit, mula
njur ganti haluan. Rehne seneng jago, mula banjur tuku bakalan-bakalan
jago bangkok diingu. Syukur dadi adon, orane yen wis di gedhekake payune
mesthi larang. Akeh wong golek kanggo bibit (pejantan),
Ana
ngomah pak Kromo kerepe mung ijen, awit bojo lan anake sing mesthi ana
warung. Neng kana malah komplit, ana kamar kanggo ngaso, emplek-emplek
mburi kanggo masak. Ngomah mung kanggo ulihan, reresik awak lan turu
sawise tutup warung kira-kira jam sanga bengi.
Warung sing mung gandheng karo omah kuwi cukup dikunci, lan kala-kala di tilak-tiliki. Kunci di gembol mbok Kromo ora tau pisah.
Pak
Kromo mono sejatine yen nrima ya tetep kopen, awit mbok Kromo senajan
ora tau di blanja bojone, anggone leladi ya di men-menke.
Meja
makan ya mesthi ana pangan lan wedhang, camilan apa kesenengane bojone
ya dicepaki, semono uga rokok …… ning ya mung dipas-pas wae.
Pak
Kromo saploke nyentak-nyentak si Sumi kae ya ora kendel mlebu warung,
merga si Sumi ya kaya mbokne, mesthi di sawang lan di ulati sapari
polahe bapakne. Lha piye, wong yen kesingse, senajan apa-apa wis
dirembug, pak Kromo ya sok isih tegel nggrayahi dhuwit neng kothak
warung oleh-olehane dodolan, si Sum sing kerep banget weruh.
Ngono mau yen mengko bengine ana jagongan, mesti diampiri pak Klowor tanggane, sing seneng nggolekke mungsuh main.
Sumiyati
ya tansah wadul mbokne, yen bapakne njupuki dhuwit utawa rokok sing
kira-kira luwih olehe nggunakake. Dheweke mesakke mbokne yen nganti ora
bisa kekulak merga dirusuhi bapakne. Mangka kabeh kebutuhane,wong tuwane
wadon sing mbudi daya nyukupi.
Pak
Kromo saya ngawur, yen diampiri main mangka ora duwe dhuwit, apa sing
katon neng ngomah di cangking di gadhekake, tekade yen menang ditebus
maneh. Ya ngene iki wong kuwi yen wis nggathok main.
Yen ora nyekel kertu seminggu wae rasa tangane wis gatel.
Kaya
sesuk malem Minggu kuwi, pak Rahmad, tangga wetan omahe bubaran bayen,
mangka pak Kromo oleh undhangan jagong. Nek bojone wis cetha yen
nyumbang, lha mengko nek neng jagongan ana kalangan, njur apa sing arep
di anggo sangu ngudang kertu, nek nampa tatangan ? gek mangka ndhil
picek wae pak Kromo ora gableg. Barang mbejaji sing neng ngomah wis ora
ana sing bisa digawa. Ya isih duwe mas-masan kalung lan ali-ali, ning
rak di enggo bojone wong ya le tuku dhewe.
Pak Kromo lungguh lincak neng ngarepan thenger-thenger kejudhegan.
Rekane
arep mlebu kamar, turon. Ning ora ngerti yen Sumi wis bali, katitik
kamare lawange menga sithik. Pak Kromo ngungak … kaget lan gumun dene
Sumi lagi ngetung dhuwit puluhan ewon sagebok.
Pak Kromo gage bali semu jinjit tumuju kamare banjur
turon. Batine, gek kuwi dhuwite sapa ? Ati rasane kepingin banget
nembung utang utawa nylih, ora ketang telung puluh ewu, ning yen eling
ditembungi dhuwit nggo mbayar S.P.P wae ora metu, atine dadi mengkeret
lan wedi. Sidane ora wani nembung.
Apa
maneh Sumiyati saiki yen omong wis kaya wong diwasa, maton lan nyata,
persis mbokne. Neng peturon pak Kromo kethap-kethip ngulir budi, piye
bisane entuk dhuwit.
Wayah
esuk, mbok Kromo wis budhal neng pasar kekulak, Sumi wis katon adus lan
sarapan, tas wis digadhulake ana setang sepeda siap budhal sekolah.
Bapakne saka njero ngundang karo nyedhak :
?Sum, bapak jupukna rokok dhisik neng warung !?
?Wah bapak kuwi, mbok ya njupuk dhewe kaya adate ngapa ?, aku wis awan, Pak.?
?Emoh
jupukna !, mengko mundhak diarani ndobel olehku njupuk.? Kanthi polatan
peteng, Sumi sing wis nuntun sapedha, gage nyendhekake ing wit kates
ngarepan, terus nguncluk tumuju warung.
Sak
ungkure Sumi, gage pak Kromo nyedhaki sepedha sing di sendhekake.
Tangan nggrayahi tas sing ana setang, ngrenjel tangane nemu barang
kandel ing amplop dijupuk banjur disak, gage mlebu ngomah karo nyandhak
sapu terus nyapu jogan. Let sedhela keprugu Sumi mlayu-mlayu
undang-undang bapakne, kandhane :
?Gilo
pak, rokoke,? Pak Kromo metu neng lawang nampani rokok sing di ulungake
anake. Sawise iku Sumi marani sepedha. Di cengklak terus nggeblas
mangkat sekolah.
Pak
Kromo rumangsa lega. Dhuwit ing sak di wetokake, terus di etung ana
rong atus seket ewu rupiyah. Lowung kena kanggo sangu njagong, ngono
batine. Esuk kuwi mbok Kromo olehe kekulak nganti rada awan merga
ngepasi dina pasaran, dadi akeh barengane bakul-bakul sing padha
kekulak. Tekan ngomah, sawise nata dagangan ing warung mbok Kromo
nyepaki oleh-oleh kanggo sing lanang.
Sega
gudhangan karemane bojone kanggo sarapan, kripik lan lapis. Sawise di
tinggal neng warung, pak Kromo ngethamul anggone mangan. Lagi wae warung
dibukak, wis ilir tangga teparo sing padha teka blanja, gawe bungah
atine mbok Kromo.
Kira-kira
jam sepuluh, Sumi wis mulih, langsung mlebu kamare ngolak-alik buku
tumpukan ing meja, bantal, kemul lan lemari sandhangan diobrak-abrik.
Weruh anake mulih, mbok Kromo nututi, denea neng kamar Sumi sewot karo ngobrak-abrik buku. Pitakoe mbok Kromo :
Ngapa ndhuk, yah mene kok wis bali ?? Wangsulane Sumi : groyok ketara yen arep nangis :
?Mbok, dhuwit buku sekolahan sing tak gawa ilang.?
?Ha ?? Mbokne kaget njur nanjih:
?Ilang piye, ndhuk.? Wingi mbok seleh neng ngendi ?
?Elingku
mau esuk ya wis tak lebokke ngetas, ning tekan sekolahan arep tak
setorke kok ora ana. Mangka kanca-kanca mau, ngarepe ngaso ya wis di
gledhah karo pak guru ning ora ditemokke.
Kandha ngono Sumi ngebrukke awake neng dhipan karo pecah tangise. Kandhane pedhot-pedhot?
?Mbok, pak guru ngendika, yen dhuwit durung (ora) ketemu aku ora kepareng mlebu sekolah.?
?Oh … oh … mengko sik ndhuk, tak kandha bapakmu. Mbok Kromo nggoleki sing lanang lagi neng kebon dicelukake:
?Pakne renea !? Pak Kromo nyedhak sajak kalem kandhane:
?Kon ngapa mbokmu ??
?Sampeyan ngerti dhuwite anake pak?, e……. mbok menawa tiba sampeyan openi??
?Dhuwit apa ?, aku ki ora weruh lan ya ora ngerti.? Wangsulane pak Kromo
?Mangka
kuwi dhuwit sekolahan pakne, dhuwite bocah-bocah arep kanggo tuku buku
bahan ujian, sing gunggunge ana rong atus seket ewu.?
?Jeneh kok ndadak nggawake dhuwite kancane barang.? Pak Kromo nutuh semu nyalahake anake.?
?Witikna
karang anakmu neng sekolahan dadi bendahara kok ya pakne. Ngono mau
nandhakake, yen anakmu kuwi jujur, njur di percaya nyekel dhuwit.? Pak
Kromo meneng wae sajak ora mikir, sing saya nambahi atine sing wadon
dadi mundhak gregeten. Nuli kandhane :
?Mangko
jarene anakmu, pakne, nek Sumi durung nggawa (setor) dhuwit sing
gunggunge semono kuwi neng gurune, Sumi ora etuk mlebu sekolah. Piye
pakne ?? Pak Kromo mangsuli ngglayem :
?Ha piye ?, aku dhuwit saka ngendi ?
?Ha ya embuh !? wangsulane mbok Kromo santak.
?Kowe
kuwi pakne, leren lehmu mbingkil merga ra payu, nganti ngingu pitik,
angger gedhe di dol, neng ngendi dhite, aku kok ora tau weruh, anakmu
njaluk dhuwit S.P.P wae kelakon ora metu malah mbok sentak-sentak. Neng
ngendi tanggung jawabmu dadi bapak ?, dadi kepala keluarga sing kudune
ngayomi ngayani …. ngrembug ? Mangka kabeh kebutuhamu tak cukupi …… tak
ladeni.? Pak Kromo dadi panas atine di undhamana bojone. Kanggo ngetokke
kemenangane dadi wong lanang kandhane sero lan kasar :
?Meneng
!? Wis pokoke aku ora isa golek dhuwit semono. Kowe sing bakul pinter
golek dhuwit, tutupen dhuwit sing di ilangke anakmu kuwi !?
?Wis … wis … kowe ora bisa tenan, pakne ??
?Rak … , mangsa bodhoa caramu.?
?Yoh
yen ngono, dhuwit sing ilang tak ijolane … , kowe wis pasrah embuh
caraku.? Kandha ngono mbok Kromo marani anake neng kamar karo kandha
lirih :
?Wis
ndhuk, rasah susah, sesuk tak golekke ijole.? Sumi nicil ayem krungu
kandhane mbokne mau, senajan ing atine ana rasa welas lan mesakke marang
wong tuwane wadon mau.
Tenan,
isih sore pak Kromo wis diampiri Klowor, sing kandha jare wong-wong
sing biasane gawe kalangan wis padha teka. Pak Kromo cekat-ceket dandan,
wong loro bajur budhal.
Nalika
pak Kromo metu, mbok Kromo gage ngancing lawang karo grobyagan,
diketokake yen atine ora keduga. Pak Kromo ora nggubris, terus wae
ngleler lunga.
Sajake
kertune urip, wis jam telu esuk dhuwit sing disingidake ing sak surjan
wis motol-motol kebak. Atine mbedhedheg, semangate makantar-kantar.
Ning
tan kocapa bareng ngarepake gagat rahina, kertune klipuk terus.
Bola-bali dhuwit sing ana sak bali metu nganti tipis. Atine wiwit
kebrengas lan panas, nambahi pandelenge nyawang kertu dadi kuwur. Gek
dhuwit pawitan wis entek, semono uga entuke kemenangan, sake wis bali
kothong.
Pak Mitro sing menang ngguya-ngguyu nambahi panas atine pak Kromo. Nuli kandhane :
?Pak Mitra, aku nyebrak dhuwitmu pitung puluh lima ewu, tak nggone nutut kekalahanku.? Wangsulane pak Mitro sinis:
?Lha borege apa ??
?Wis ta, nek ora isa mbalekke, sesuk-esuk saka kene jago bangkokku gawanen!?
?Tenan lho ya.? Kandha ngono karo mbukak slepen ngetokke dhuwit di ulungake pak Kromo.
Nganti jam sepuluh awan mainan durung bubar, malah kertune pak Kromo katone arep urip maneh.
Esuk
kuwi mbok Kromo bingung tenan olehe arep nggolekke dhuwit anake supaya
wani mlebu sekolah. Senajan di slamur karo nyapu latar ning ya kepikiran
terus. Saka pojok dalan kledhang-kledhang Pak Lurah sepuh (mantan)
liwat ngarepe, karo ndangu:
?Bapakne neng ngendi mbok Kromo, nek kowe nyapu kuwi apa budhalmu neng pasar ora kawanan??
?O
Pak Lurah, bapakne niku lehe njagong dereng mantuk, mangka anake niku
mbetahaken arta ngge ngijoli arta sekolahan sing diilangake, niki dereng
kecepeng.? Mireng ature mbok Kromo, Pak Lurah mandheg ndangu :
?Apa bojomu kuwi seprene ya isih main ta mbok Kromo ??
?Wo…
Pak Lurah angger gadhah arta tur wonten jagoan, bapakne mesthi kiprah.
Mbok Kromo banjur crita, bab anggone bakal ngijoli dhuwit sekolahan sing
diilangake anake. Merga yen ora ngijoli anake ora oleh lan ora wani
mlebu sekolah. Pak Lurah gedheg-gedheg karo ngendika:
?Mbok
Kromo, sekolah kuwi penting kanggo masa dhepane anakmu, ya saiki apa
sing krasa dhisik digolekake dhuwit. Dene yen mung barang utawa
klangenan, mengko yen duwe dhuwit rak bisa tuku maneh.? Wangulane mbok
Kromo:
?Inggih
Pak Lurah, kula manahe, pundi sing kirang penting, ning gampil
dipadoske arta.? Pak Lurah neruske tindake, dene mbok Kromo njur lungguh
karo mikir-mikir.
Dumadakan
njur mesem karo ngadeg. Mlebu nggudang weruh kiso njur dijupuk, terus
neng kandhang pitik mburi pawon. Kurungan jago bangkok dibukak, jagone
di cekel banjur dilebokake kiso. Bubar iku kurungan sijine uga ngono.
Gandheng kisone mung nduwe siji, mula jago sijine sikile ditaleni dadi
siji bajur di kempit. Bubar kuwi mbok Kromo kandha anake:
?Sum warunge ditunggu, aku tak lunga sedhela.?
?Yoh mbok,? wangsulane Sumi ora gingetke mbokne, ketungkul maca majalah. Ora suwe mbokne wis bali, karo nyedhaki anake kandha :
?Sum
! kana menyang sekolahan mumpung iki durung jam sewelas, iki ijole
dhuwit sing mbok ilangke wis ana. Karo butuhmu apa sisan kuwi beresana
!?
Anu
mbok, wingi olehe mbayar rak lagi sesasi, mangka kekurangane telung
sasi. Tur aku ya dhurung pasok sing kanggo tuku buku kuwi.?
?Nek kowe tak wenehi dhuwit telung atus ewu kanggo ngijoli, lan nglunasi kabeh kekurangane kuwi, cukup ora ndhuk??
?O…
cukup mbok.? Wangsulane Sumi bungah. Sawise Sumi nampani dhuwit, gage
ngetokke sepedha terus bablas neng sekolahan, atine bungah banget.
Kira-kira
jam rolas awan, pak Kromo mulih saka njagong ditutke pak Mitro mungsuhe
main. Wong loro runtung-runtung njujug neng kandhang pitik.
Iba kagete pak Kromo, bareng weruh kurungan loro sing isi jago bangkok wis suwung. Kusung-kusung neng warung takon bojone:
?Mbokmu ! neng ngendi jago bangkok sing neng kurungan ??
?Mau
esuk wis tak gowa neng nggone babah Holiang pakne, tak dol payu patang
atus ewu. Dhuwite wis digawa anakmu neng sekolahan kanggo ijol dhuwit
sing ilang, uga nglunasi S.P.P sing rong sasi, sisane nggo tuku buku.?
?Atine pak Kromo muntap, kandhane sereng:
?Lho … kowe kok lancang, mbokmu ??
?Ya ora lancang ngono pakne, kowe rak akon ta,? ya kono mangsa bodhoa caramu.
?Caraku ya ngene iki. Penting sekolahe pakne, nek mung karo jago klangenan.? Kandhane mbok Kromo ora kalah sero.
Pak Kromo rumangsa salah lan kalah
mapan, bojone pancen bener. Sidane utange karo pak Mitra neng kalangan,
disauri jago adon-adon sing sejatine dieman-eman. Karo mlebu ngomah
kukur-kukur sirah sing ora gatel, pak Kromo grenengan ijen: ?Wah
jebulane kanthi alus aku diwales.?
http://cerkak-jawa.com/?p=14
Tidak ada komentar:
Posting Komentar