Mleset Karo Sing Dikarepake
?
Ing
kampung Wukirsari, ana omah gedhong magrong-magrong sapinggiring dalan
gedhe. Dene sing kagungan priyayi luhur asma K.R.T. Purbonegoro, trah
Kusumo saka Bojonegara. Dene tangga teparo yen ngaturi Eyang
Purbonegoro. Biyen jare ngasta direktur pabik gula ?Arum manis?.
Esuk
kuwi kaya padatan, sawise ngunjuk wedang nasgithel dikancani nyamikan
bakpya isi kumbu ireng sing mendut-mendut, Eyang Purba njur
tindak-tindak ing sakubenging daleme karo pijer metheti klangenane
kutut, sing wis mruput dikereki dening Dalijo sopire Dr. Agus, sing sok
nyangkul gaweyane. Eyang Purba putri nata lan reresik dalem njero, merga
sing njaba lan dhapur wis ditandangi Inem, sing olehe ndherek wiwit
isih cilik.
Inem
bocah lola sing di itik-itik Eyang Purba sekalihan. Gandheng Eyang
Purba ora kagungan putro (gabug) mula pangrengkuhe marang Dalijo lan
Inem kaya karo putrane dhewe.
Dalijo
mono bocah prihatin. Dhasar anak randha gek mlarat pisan. Mula lulus
STM bag mesin, dheweke ora bisa neruske pasinaone, ning njupuk praktise,
ajar bukak bengkel motor. Lagi arep entuk pasaran, ndadak di tari Dr.
Agus, apa gelem nyambut gawe karo panjenengane, minangka dadi sopir
pribadine.
Bareng
dipikir, supaya mengkone bisa tuku alat-alat bengkel sing lengkap, lan
bisa bukak bengkel kanthi sampurna, panarine Dr. Agus di saguhi. Ya
wiwit iku Dalijo dadi sopir pribadine pak Dr. Agus.
Dene
daleme Dr. Agus iku mung sakulone eyang Purba, adu pekarangan. Dene
Eyang Purba lan kaluargane Dr. Agus iku wis kaya sedulur, mula yen wektu
sela, Dr. Agus nawakake marang Eyang Purba, sawayahe ngersakake apa ta
apa, Dalijo kena diutus.
Dhasar
Dalijo bocah sing pangerten, senajan ora didhawuhi, yen weruh gaweyane
Inem kethetheran ya sok njur direwangi. Kabeh mau mesthi wae ndadekake
rename Eyang Purba kakung putri.
Luwih-luwih
Inem, sing saiki wis mekar dadi prawan diwasa sing semok, ayu
moblong-moblong. Tamune Eyang Purba sing durung tau ngeti ngira yen Inem
iku putrane Eyang Purbo.
Ya
ora nggumunake, wong dhasar rupane ayu tur genep suba sita lan tata
kramane. Mula ya lumrah yen dadi incerane jejaka ing kampung kono, sing
wis padha ngerti yen Inem mono mung jejering abdi. Ning ya kuwi,
pangrengkuhe sing di dhereki ora mantra-mantra yen karo abdi.
Srawunge
Dalijo karo Inem rumaket, padha dene ngrumangsani yen mung kaya dene
rewang sing ndhedherek priyayi luhur lan sugih. Gandheng saben dhina
ketemu lan srawung, kakarone padha dene mambu ati.
Meneng-meneng
Dalijo wis tau blaka marang Inem, nelakake tresnane. Begjane Dalijo,
dene Inem ya nanggapi. Malah kekarone wis padha janji, yen Dalijo wis
bisa keklumpuk kanggo urip, Inem enggal arep ditembung. Inem dhewe ya
janji, yen wiwit saiki bakal nabung, dhasar sing didhereki kakung
putrine ya kerep banget maringi dhuwit, durung sing pendhak sasine.
Saiki
bareng Inem wis ngrampungi sakabehe, dhuwit blanjan bruk dipasrahake
Inem. Eyang Purba sekalihan, anane mung percaya lan marem diladeni Inem.
Dhasar Inem baut masak, di dhawuhi masak apa wae bisa, sing marahi
Eyang Kakung tansah kalegan.
Sore
kuwi dhasar mangsa rendheng, udane nggrejik wiwit awan. Siaran TV ya
ora ana sing disenengi, mula Eyang Purba malah lelenggahan sekalihan ana
dalem ageng. Dene Inem sawise asah-asah lan ngangeti jangan ya njur
mlebu kamare. Lawang sajak wis wiwit mau tutupan, mbokmenawa wae wis
turu kegawa hawane sing adhem lan atis. Eyang kakung ngendika :
?Nek arep ngaso ya kana ta Jeng, wong nek aku isih pingin lungguhan?.
?Mboten Kamas, kula ugi taksih kepingin ngancani panjenengan?.
?Ya syukur Jeng, dene sliramu tetep setya bekti neng aku?.
?Mung
emane kuwi ya jeng, wis nganti umur semene, awake dhewe kok ora
pinaringan turun. Apa ya bakal cures sejarahe dhewe iki ??
Mak dheg penggalihe Eyang putri mireng ngendikane garwane mau. Gage ature :
?Kamas,
tumrapipun kakung, yuswa seket gangsal punika dereng sepuh, kula
ngertos kok, kamas menika taksih prakosa. Mbok mangga kamas, panjenengan
kula aturi krama malih kaliyan tiyang ingkang taksih enem, supados
saget kagungan turun. Kula rila kok kamas, tiyang nyatanipun, kula
tinitah dados pawestri ingkang mboten saget nggembol tuwuh.? Ngono ature
eyang putri wijang, ketara yen mrentul saka tulusing ati.
?Ha iya ta jeng, ning apa sliramu tenan-tenan rila lan ora lara ati ?? Wangsulane eyang putri mantep :
?Mboten kamas, kangge lestantuni ngtrah Purbo, saestu kula jumurung menawi kamas kersa karma malih.?
?Apa kira-kira ya ana wong enom sing gelem dirabi wong tuwa sa aku ??
?Khatah kamas, awit penjenengan kasinungan drajat pankat lan semat, ingkang kenging kinarya sarana mulyakaken wanita.?
?Apa
sliramu kira-kira kagungan wawasan jeng, wong sing sekira pantes kanggo
garwa lan bisa leladi sliramu ?? Pandangune Eyang Kakung.
? Saget kamas, mboten usah tebih-tebih. Yen kamas kersa, Inem rak saget kaangkat minangka garwa. Dhasar larenipun sae, mrak ati, tur
mumpuni samukawis menggahing bale wisma. Dados kula ugi mboten rugi
anggen kula ndidhik lan nggula wenthah wiwit alit.? Eyang kakung
manthuk-manthuk mireng ature garwane sing teteh mau.
?Yoh wis Jeng, bab iki dipikir kanthi weninging ati ben ora getun ing mengkone?.
?Kamas,
yen saestu panjenengan ngersakaken turun, denea ndadak di pun
rendhe-rendhe ? Punapa malah ngentosi menawi sampun sepuh ??
?Ya ora ngono, Jeng, karepku kuwi, apa penggalihmu ya wis siap tenan yen aku krama maneh ??
?O
Kamas, punapa panjenengan mboten pitados ing tresna, setya lan bekti
kula selami kula dados garwa panjenengan?? Ngono aturi Eyang putri
kanthi swara groyok., ketara yen arep muwun.
?O
Jeng, aku percaya banget. Pitakonku mau ketang anggonku welas lan
gedhene pangemanku marang sliramu, supaya panggalihmu aja nganti susah?.
Atur wangsulane Eyang putri gage :
?Mboten
kamas, kula bingah menawi kamas kersa dhahar atur kula, mumpung kamas
taksih kedugi. Punapa ginanipun ngulur wekdal ? Toh sedaya wau kangge
lestantuning trah Purba murih mboten cures sejarahipun?.
?O yen ngono aku manut kersamu, Jeng.? Eyang Kakung sumaguh. Ya wiwit iku, eyang kakung wiwit nggatekke Inem abdine.
Jebul tenan, bareng ditamatake Inem ora nguciwani ing sakabehe.
Dalijo
mono tugase pancen akeh, tur kabeh mbutuhake disiplin wektu. Esuk
dhewe, sawise ngresiki lan ngontrol mobil njur ngeterke sekolah Nining,
putra ragile Dr. Agus sing isih ana TK. Bubar kuwi njur ndherekke bu
Agus sing ngasta mucal neng SMP Yayasan Marsudirini. Keri dhewe
ndherekke pak Agus tugas neng rumah sakit Sarjito, lagi terus mulih.
Dene yen Dr. Agus sok rapat neng luar kota, Dalijo cukup ditimbali
ngagem HPne, awadene yen isih ana wektu mesthi neng daleme Eyang Purba,
kejaba bisa ketemu Inem, ya cawe-cawe gawean apa sing isih kether.
Semono
uga wayahe methuk, esuk dhewe Nining, njur bu Agus, sing keri dhewe
kakunge. Sanjabane tugas kuwi, Dalijo di dhawuhi reresik dalem lan kebon
sethitik sing kebak taman kuwi. Dene mbok Giyah abdine, nglethek ana
ndapur masak lan ngumbahi.
Ing
wektu sela rampung masak, Inem sok nylingker mara neng daleme Dr. Agus.
Yen Dalijo ora katon neng njaba mangka mobile ana, Inem langsung
nggoleki neng kamare sing kepernah mburi garasi mobil. Kamar kuwi mligi
kamare Dalijo, mula ya ora tau ana wong mlebu. Inem sok nggawakake apa
sing di masak, jare ben kekasihe melu ngrasakakae masakane. Yen ana
jroning kamar, wong loro bisa tutug ngesok kangen, pacaran sing ora
diweruhi sapa wae.
Saya
suwe Inem saya pinter golek wektu kanggo ben bisa tetemon karo Dalijo
gegantilaning atine. Kosok baline Eyang kakung, rasa asihe marang Inem
saya dikatonake. Saiki Inem saya kerep banget diparingi dhuwit, endi
sing di dhawuhi kanggo tuku jarit…….. klambi lan ya apa wae sasenenge
Inem.
Rekane
Eyang kakung mono arep slintren, yen peparing diarah supaya garwane ora
pirsa, ning Inem saben-saben diparingi malah matur Eyang putri.
Gandheng sing putri malah ndombani, mula ngendikane:
?Wista
Nem, yen diparingi apa-apa kuwi tampanen wae, ora sah matur aku. Kuwi
rak tandha tresna. Karo maneh, mbok apa wae sing diparingake karo kowe
kuwi, aku rila kok?
?O…..yen
ngaten matur sembah nuwun sanget, Yang?. Ature Inem lugu. Eyang putri
wis wiwit seneng panggalihe, dene kakunge wiwit bisa nyedhaki Inem.
Niyate malah arep digolekke kalodhangan, ben Kakunge bisa mbujuk Inem,
supayane mengko gelem nanggapi kersane garwane, gelem dirabi.
Eyang putri penggalihe selak notol banget, muga-muga kakunge mengko bisa kagungan turun senajan liwat Inem.
Saiki
Eyang putri kerep pamit tindakan adoh pawadan titik sedulur, kepara sok
nyimpeng barang. Inem di wanti-wanti aja lunga-lunga kudu tunggu omah.
Eyang putri mono bekti banget marang kakunge, seminggu sepisan mesthi
digawekake jamu kagem njaga kesarasane.
Dina
kuwi wiwit awan Eyang putri wis ngendika yen sore mengko arep rewang
neng sedhereke sing ewuh, kondure sesuk. Sak durunge tindak, eyang putri
wis ngracik jamu ninggali kakunge kaya padatan. Sawise dadi banjur di
aturake karo matur :
?Kamas,
anggenipun ngunjuk mangkeh dalu kemawon menawi badhe sare. Punika
istimewa lho, kula tambahi mrica, pala, maben lan ginseng, mangkeh
sareni pun rak sanget sekeca?
?Yoh….tak trima ya Jeng! Sliramu yen rewang aja ngaya, aja nandangi sing abot-abot? ngono welinge marang garwane.
Saungkure
Eyang putri tindak rewang, Inem njur ning kamar mandhi ngumbahi, rekane
nyuda kumbahan esuke. Rampung ngumbahi njur nonton TV nglosot neng
karpet kaya padatan.
Let sedhela mlayu neng kamar mandi meneh karo hoak-hoek kaya wong mutah-mutah. Eyang kakung nyedhak karo ngendika :
?Gek
kowe masuk angin, Nem?, Jeneh bengi-bengi kok ngumbahi ! Gilo iki ana
obat gosok nyoh…… nggo mblonyo awakmu?. Ngendikane Eyang kakung karo
ngulungi bangsane balsem. Inem nampani lan banjur digosok-gosokake ing
gulu lan dhadhane.
Ora kejarag Eyang kakung pirsa jamu neng nduwur rak-rakan buku cedhake lenggah njur dhawuh :
?Nem
jamu iki wae ombenen, racikane Eyangmu putri mau. Penak kok, neng awak
anget tur mari kesel-kesel?. Karo ngendika, Eyang kakung ngulungake
gelas jamu mau marang Inem.
Gelem
ora gelem kedaya saka wedi, jamu ditampani banjur di ombe glenggeng.
Pencen ya enak wong madune akeh. Inem bali nonton TV, ning let sedhela
lar-ler ngantuk. Wusana ujur matur :
?Kula
tak tilem inggih Yang kung, raosipun kok mbliyut sanget.? Inem menyat
ngadeg, ning senggoyoran. Eyang kakung pirsa gage di dhabyong lumebu
kamare. Lagi wae tekan kamare Inem trus ngebrukke awake neng dhipan
terus merem… turu pules. Eyang kakung ndangu werna-werna wis ora
diwangsuli, dinyet-nyet pilingane ya meneng wae. Ngono mau nganti
sawetara, Inem tetep turu nglintek di tunggoni Eyang kakung lenggah ing
sandhinge.
Nyawang
turune Inem sing mung niba ora mapan kuwi, mlumah, sing tangane sumeleh
ing bantal kiwa tengen, ambegane sing langsam, ndayani dhadhane sing
nyengkil gadhing kuwi dadi endah …… banget yen sinawang, munggah mudhun kaya nantang sing lagi ngematake.
Oh
…. Yangkung astane bali mijeti pilingane, gulune, tangane …. Inem tetep
turu pules ora obah. Panggalihe Yangkung saiki nitir, nyawang Inem sing
ayu lan sajak mesem kuwi nyata katon sulistya tanpo cacat. Yangkung
nyoba ngaras bathuke, ora obah. Dibolan-baleni ya ora nglilir.
Nyut
njur kelingan sing wis dilakoni, yen bar ngunjuk jamu kae sewengi ya
ora nglilir. Bebasan wong mlaku neng tengah bulak, adoh lor adoh kidul
mangka panase ngenthang-enthang, njur diadhepi banyu kinclong ing
ngarepe, sapa sing ora njur kepingin ngombe sak mareme ?, mangka ya wis
tau ngrasakke segere banyu sing ora tau njelehi salawase urip. Semono
uga Yangkung, sing dhasar wis ana karep marang Inem tur di sengkuyung
putrine. Kekendelane tuwuh makantar kantar.
Inem
sing wis prasasat pasrah iku, pindha cempe sing wis ana cangkeremane
macan gembong. Dianggo dolanan, di potheng-photeng, di sesep-sesep
getihe nganti apuh lan marem wis ora suwala. Yangkung eling, yen kabeh
mau mung saka kersane pribadi ateges sepihak, ning Inem rak durung karuwan yen gelem utawa rila, merga dheweke rak kena dayane jamu sing marahi mabuk.
Mula bareng wis marem, kanthi ngati-ati Inem dikemuli brukut, Yangkung mudhun saka dhipan, metu lawang kamar ditutup. Banjur tumuju ing kamare, nggembol rasa marem sing tanpa upama.
Esuke, Eyang putri kondure saka rewang mruput, ning lawang kabeh isih tutupan. Batine :
Geneya
yah mene Inem durung tangi ?, mangka biasane wis neng pawon. Eyang
putri banjur marani pernah kamare kakunge terus nothok jendelane
alon-alon. Sing isih sare mireng, gage wungu terus mbukak lawang. Eyang
putri ngendika :
?Inem wonten pundi kamas, wanci ngaten kok dereng tangi ??
?Jeng,
sliramu tindhak kae Inem rak njur ngumbahi, bar kuwi sajake masuk angin
wong njur mutah-mutah lan terus mapan turu. Coba wae tilikana!?
Eyang
putri ngungak neng kamar kanyata lawang ora kancingan. Inem wis nglilir
ning durung tangi, awake krasa lungkrah sing mbangeti.
Ngerti di ungak bandarane, Inem matur :
?Nuwun ngapunten Yang, kula masuk angin, badan kula kraos lungkrah sanget?.
?Yoh
wis Nem, ngasoa dhisik, tak nggodhog jarang kanggo unjukan lan nyeka?.
Eyang putri genti ngladeni Inem lan kakunge kanthi rasa eklas, dhasar
aduwe pepinginan sing siningit.
Gandheng
Eyang kakung priyayine jujur lan lugu, ing kahanan sepi, awane njur
ngendika marang garwane. Kabeh di ngendikakake blaka apa anane, anggone
wis nyidra resmi Inem.
Eyang putri njinggleng anggone mirengke njur matur :
?Syukur
kamas, emanipun kok Inem mboten ngertos margi mabuk, menika namanipun
kamas memperkosa. Saenipun, Inem dipun celaki, dipun taros kanthi
alon-alon. Dipun paring-paringi barang ingkang mirunggan, ingkang ageng
pangaosipun!?
?Yoh
….. yoh Jeng, bener aturmu, sesuk tak tindakne, pancen aku kleru?.
Ngendikane ndhadha salahe. Saiki penggalihe Eyang putri saya mantep, lan
saiki malah panjenengane sing peparing barang-barang mirunggan.
Inem dipundhutake gelang, kalung, saweng, cekake diuja dhuwit. Anggone maringi mau karo ngendika :
?Nem, janji kowe terus leladi aku lan Eyang kakung ana kene, kowe nyuwun apa wae tak paringi?
?Inggih matur nuwun Yang?. Inem seneng banget atine, lan kabeh peparinge mau di tuduhake Dalijo kekasihe.
Eyang putri saiki saya sregep ngracik jamu, lan ya saya kerep anggone tindakan nyipeng, ana-ana wae alasane.
Ya
dina-dina kaya ngono kuwi, Eyang kakung dadi wis apal, kaya-kaya
garwane pancen aweh kalodhangan marang panjenengane. Saiki jamu ora
kagem garwane, ning diparingke Inem karo ngendika :
Jamune
ambonen yen arep mapan turu ya Nem, supaya awakmu sehat. Jamu mau
kajaba akeh palane sing marahi turu pules, uga kanggo ngurip-urip uritan
ing guwa garbane Inem, supaya subur.
Pangarep-arep lan pepinginane nduwe turun liwat Inem saya mbangeti.
Kaya-kaya wis ndalan, janji bar ngombe jamu Inem njur krasa ngantuk terus mapan turu.
Kekarepane
Eyang kakung mbaleni tumindak kaya sing uwis ora kena ka ampah. Kepara
sok diambali, nanging Inem ora nglilir lan ora krasa. Eyang kakung saya
ndadra, saya kesenengen, lan saya krasa ketagihan.
Kaya padatan, yen masak mirasa, Inem mesthi mara neng nggone Dalijo ngeteri kekasihe. Dina kuwi ngepasi Minggu.
Dr. Agus sak keluwarga tindakan, mbok Giyah uga ndherek, mung Dalijo sing tunggu dalem.
Kebeneran dene Eyang Purba sekaliyan ya tindakan, dadi Dalijo lan Inem tutug tanek olehe pacaran.
Sejatine
wis ana yen mung setengah taun bocah loro iku anggone wis keblandhangen
olehe pacaran, wis nindhakke kaya dene wong bebojoan, senajan kanthi
nyolong-nyolong.
Ya ing wektu kuwi sawise crita-crita lehe diparing-paringi Eyang putri, Inem njur kandha :
?Kang Dalijo, aku tak kandha ya, ning kewe aja nesu. Wis telung sasi iki kang, aku ora wulanan ?, piye kowe kang ??
?Ha ? kowe ora wulanan ? Oh ……? Dalijo menyat banjur ngekep Inem karo kandha :
?Ora
….. ora, aku ora nesu Nem, ning malah seneng banget. Dhuwitku wis cukup
kanggo rabi lan ajar eker-eker kanggo urip. Kapan kowe tak tembung
matur Eyang Purba, aku manut?.
?Ya sacepete ta kang, mundhak wetengku selak ketok gedhe?.
?Yoh
…. yoh Nem.? Dalijo sumaguh. Kira-kira jam pitu sore, Dalijo sowan
Eyang Purba kang lagi lenggahan ing gandri sekalihan. Sowane tinampi
kanthi kebak esem lan ketok yen kalegan penggalihe. Dalijo sing ndhisiki
matur :
?Inem wonten Yang, kula badhe pinanggih ??
?Ana
… lhakae ana pawon?. Inem banjur ditimbali, didhawuhi lungguh. Saiki
olehe jagongan dadi wong papat. Pandungune Eyang kakung :
?Ana apa Jo, kadingaren mung arep ketemu Inem kok ndadak matur?.
?Inggih Yang, keparenga kula matur wonten ngersanipun Eyang Purbo sekalihan, saderangipun matur kula nyuwun pangapunten.?
?Yoh Jo, wis enggal matura !? Ngono dhawuhe Eyang Purbo kakung putri bareng.
?Eyang
sekalihan, sowan kula mriki, namung badhe matur, bilih Inem badhe kula
suwun keparenga bebrayan kalihan kula. Bab punika Inem ugi sampun sagah?
Priyayi kakung putri kuwi sajak kaget, Eyang putri njur ndangu Inem :
?Iya pa Nem ?? Inem manthuk ngedhongi. Eyang putri ndangu maneh karo mirsani Dalijo lan Inem.
?Wiwit kapan kowe padha sesambungan ?? Dalijo mangsuli :
?Inggih
wiwit kula ndherek Dr. Agus Yang, wetawis kalih taunan. Kula tresna
dhateng Inem, dene Inem ugi nimbangi? Eyang putri ngendika semu duka :
?Genea
Nem, kowe ora matur aku ? mangka wiwit cilik sing ngitik-itik, sing
nggula wenthah kuwi aku, kowe wis ndak anggep turasku dhewe. Denea kowe
sambung tresna karo priya ora matur aku ?? Inem ndhungkluk karo mangsuli
:
?Kula ajrih Yang.? Swara groyok semu tangis. Eyang putri mirsani Dalijo lan Inem ketok yen duka tenan karo ngendika :
?Nem,
lan kowe Dalijo !, yen bab iki upamane aku ora marengke piye ?? Inem
keprungu tangise mingsek-mingsek, …….. tangis sing di ampet. Weruh iku
Dalijo thukul kuwanene, nuli ature :
?Yang
!, Inem lan kula sampun sami diwasa, gadhah hak nemtokaken pilihaning
gesang, kula sampun sami tresnanipun, lan sampun matur kanthi sae-sae
ing ngarsanipun Eyang sekalihan. Ewa semanten menawi Eyang mboten
marengaken, kula kekalih badhe nekat ijab. Margi ing padharanipun Inem
sampun wonten titah gesang umur tigang wulan. Punika wiji kula Yang,
wiji ingkang kula tanem ing guwa garbanipun Inem.?
Midhanget
ature Dalijo, Eyang Putri njur nrocos tingale muwun, dene Eyang kakung
njur jumeneng ninggalke sing isih padha lelungguhan tunuju kamare.
Ngambruk ing dipan grenenge :
?Oh jebulane aku kalah dhisik karo Dalijo. Inem wis ngandheg 3 sasi, mangka olehku nyolong tumindak lagi karo tengah sasinan.?
Penggalihe
sanalika angles ….. pepes, cabar anggone ngudi tuwuh. Di tinggal Eyang
kakung, Eyang putri uga banjur nututi jengkar, nyedhaki kakunge, matur
karo muwun :
?Jeneh
njenengan kok inggih mboten terus terang lajeng ngendika kalihan Inem
ta kamas, wusana mrucut ingkang kita jangka?. Eyang kakung mbalikake
slirane ngrangkul Eyang putri, uga muwun karo ngendika :
?Iya ya Jeng, jebulane mleset karo sing awake dhewe karepke?.
http://cerkak-jawa.com/?p=27
Tidak ada komentar:
Posting Komentar