8.) Wutah
Getihku
(Mahardono Wuryantoro)
Gumelar
jembar bumi asri
Sumunar
sumringah sunare bagaskara
Padhang
sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka
wus kawentar
Ombak-ombak
samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah
getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub rukun
anambut kardi
Jeroning
swasana tentrem lan mardika
Gilig ing
tekad manunggal
Cumithak
jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku lila....
Korban jiwa
raga kanggo bumiku
Nadyan awak
ajur dadi sawur
Lan getihku
mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet
raharjaning nagara
Lumantar
iki....
Isining
atiku ginurit
Prasetyaku
thukul saka ati kang tulus
Njaga
langgenging kamardikan
Donga pujiku
kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
http://nurulhedayat.blogspot.com/2013/02/contoh-geguritan-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar