Senin, 12 Januari 2015

geguritan

Eklasna

Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur angite katon mendung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangi ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran ora bakal mati amarga ngelih mumpung isih esok
Kanthi pangestu ingkang panumpuk-numpuk
Gunung lawu lan semeru mung kathon sepunthuk kabeh bakal taklangkahi
Senadyan kudu nasak kebondhotan eri
Aku lunga perlu makarnya
Ora mung angon kebo  ing ora-ora sandyan aku ngerti
Lan ijeh kudu nganggo gambar Jendral Sudirman sakethi
Sugeng enjeng bapak biyungku
Sugeng enjeng desaku
Kang tansah kinemulan langit biru
Eklasa dina isih bias ketemu
 
 
http://7-software.blogspot.com/2012/02/geguritan-bahasa-jawa-asli.html

geguritan

Dewi Asmara

Angina wengi iki
Alus tumiyub, angusap buana
Ombak segara gegojekan
Kadya kita kang lagi
Lelumba ing kidung asmara
Nagging kuwiamung gegambaran
Kang sengara kanggo kenyata
Amarga yen sinawang liyan
Aku iki mung pindha
Bantala rengka, kang mung bisa
Nganti-anti tetesan embun ketresnaan
Amung bisa sumarah, nyenyuwun
Kapan baya sirah wanodyan kersa
Kadya Dewi Asmara
Kang bakal nyuntak embun ketresnaan
Bebrayan nganti entek ing jaman
Anging wengiisih tumiyub
Ombak segara isih gegojekan
Aku isih nglangut nganti-anti
Kapan tekanmu Dewi Asmara
 
http://7-software.blogspot.com/2012/02/geguritan-bahasa-jawa-asli.html

geguritan

Kanggo sliramu

Kanggo sliramu
Rembulan kang nangis ing kamar sepi
Kanggo sliramu
Srengenge mati ing cakruk parondhan
Kanggo sliramu
Rahina kang kalangan mustikane prawan kencur
Kanggo sliramu
Wengi kang nyekseni palnyahan mbukak beha
Kanggo sliramu
Maesan kang nampani komisi lan pungli
Kanggo sliramu
Bumi kang ngajangi badhut-badhut tetopengan
Kanggo sliramu
Jagat kang kabotan nyangga laknat
Kanggo sliramu

Pangangen kang ngganduh ati selingkuh
Kanggo sliramu
Kanggo
Sliramu
Sliramu
MU…
 
http://7-software.blogspot.com/2012/02/geguritan-bahasa-jawa-asli.html

geguritan

GURIT KATRESNAN

 Katresnan iku geguritaning urip sejati
 pepadang sajroning pepeteng
 biso digawe nannging ora biso digawe-gawe

 Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumndak dudu
 Kayadene: Drengki, Srei, dahwen lan pati open

 Katresnan iku larang regane ora biso dituku
 lan ditiru sarono bondo dunyo lan rojo brono
 Liyana, jalaran toh-tohane nyowo

 katresnan iku dalan kang tumuju marang bener
 kebak dening roso lan pepadhang
 Lilo lan legowo lair thumusing bathin
 kaya dene gegodhongan kang gogorog saka uwit
 ora ngarep-arep bakal baline
 melu ngrasakake panandhanging liyan

 katresnan iku ora mbedak-mbedakake
 Cendek duwuring pangkat
 asor luhuring drajat
 lan gegebenganing urip kang rinasuk
 anane mung welas lan asih
 suka pitulung marang sapa bae

http://katacintadanmutiara.blogspot.com/2013/02/contoh-geguritan-katresnan-cinta.html

geguritan

RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang: Budhi setyawan

geguritan

Babad Wedhi Pasisir

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar

geguritan

UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu 
 
http://imam-murtaqi-online.blogspot.com/2012/04/contoh-geguritan-puisi-bahasa-jawa.html

geguritan

PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
http://imam-murtaqi-online.blogspot.com/2012/04/contoh-geguritan-puisi-bahasa-jawa.html

dongeng

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.



http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/timun-mas_8941.html

dongeng

Dongeng Keong Mas dalam Bahasa Jawa


Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.


Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.


Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

    “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

    “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

    “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.


Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

http://www.kukejar.com/2013/09/cerita-rakyat-bahasa-jawa-keong-mas.html

Tata Cara Penganten Adat Jawa

Tata Cara Penganten Adat Jawa

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.


Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

 

Lamaran

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

 

Siraman

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

 

Midodaren

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

 

Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.


Ijab kabul

Upacara panggih

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

 

Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

 

Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

 

Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.

 

Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

 

Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.

 

Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

 

Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

 

Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

 

Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

 

Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.




http://sumbang2009.blogspot.com/2010/02/penganten-adat-jawa.html

Upacara Tedhak Siten

Tedak Siten  berasal dari dua kata dalam bahasa Jawa, yaitu “tedhak” berarti ‘menapakkan kaki’ dan “siten” (berasal dari kata ‘siti’) yang berarti ‘bumi’.
Tedhak Siten merupakan bagian dari adat dan tradisi masyarakat Jawa Tengah . Upacara ini dilakukan ketika seorang bayi berusia tujuh bulan dan mulai belajar duduk dan berjalan di tanah. Secara keseluruhan, upacara ini dimaksudkan agar ia menjadi mandiri di masa depan.
Upacara Tedhak Siten  selalu ditunggu-tunggu oleh orangtua dan kerabat keluarga Jawa karena dari upacara ini mereka dapat memperkirakan minat dan bakat adik kita yang baru bisa berjalan.
Tedak Siten
Makanan yang disyaratkan dalam upacara tedak siten.
Dalam pelaksanaannya, upacara ini dihadiri oleh keluarga inti (ayah, ibu, kakek, dan nenek), serta kerabat keluarga lainnya. Mereka hadir untuk turut mendoakan agar adik kita terlindung dari gangguan setan.
Tak hanya ritualnya saja yang penting, persyaratannya pun penting dan harus disiapkan oleh orangtua yang menyelenggarakan Tedhak Siten ini, seperti kurungan ayam, uang, buku, mainan, alat musik, dll.
Selain itu ada pula ada tangga yang terbuat dari tebu, makanan-makanan (sajen ), yang terdiri dari bubur merah, putih, jadah  7 warna, (makanan yang terbuat dari beras ketan), bubur boro-boro  (bubur yg terbuat dari bekatul-serbuk halus atau tepung yang diperoleh setelah padi dipisahkan dari bulirnya), dan jajan pasar.
Tahapan Upacara Tedhak Siten
Tahap 1:
Adik kita dipandu oleh ayah dan ibu berjalan melalui 7 wadah berisi 7 jadah berwarna. Jadah adalah simbol dari proses kehidupan yang akan dilalui adik kita.
Tahap 2:
Lalu, adik akan diberi tangga yang terbuat dari tebu. Tangga ini menyimbolkan urutan tingkatan kehidupan di masa depan yang harus dilalui dengan perjuangan dan hati yang kuat.
Tahap 3:
Setelah anak turun dari tangga, ia dituntun berjalan di atas tanah dan bermain dengan kedua kakinya. Maksudnya agar nantinya adik kita mampu bekerja keras untuk memenuhi kebutuhannya sendiri di masa depan.
Tedak Siten
Kursi ini harus dicapai dengan tangga yang terbuat dari tebu.
Tahap 4:
Kemudian, adik dimasukkan ke dalam kurungan ayam yang sudah dihias. Ia disuruh untuk mengambil benda-benda yang ada di dalam kurungan itu, seperti uang, buku, mainan, dll. Barang yang dipilih adik kita adalah gambaran dari minatnya di masa depan.
Tahap 5:
Setelah itu, adik diberi uang koin dan bunga oleh ayah dan kakek, harapannya agar ia memiliki rejeki berlimpah dan berjiwa sosial.
Setelah itu, adik dimandikan dengan air kembang 7 rupa, harapannya agar bisa mengharumkan nama keluarga.
Tahap 6:
Setelah mandi, adik dipakaikan baju yang bagus sebagai harapan kelak ia mendapat kehidupan yang baik dan layak.


http://www.kidnesia.com/Kidnesia2014/Indonesiaku/Jalan-Jalan/Upacara-Tedhak-Siten-Tradisi-Adat-Jawa-Tengah

Upacara Tingkeban

Upacara Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi kandhutanipun priyantun estri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sepisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kagem nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlaksanakaken dening biyungipun saha kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.[1]
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.[2]

Tata cara upacara siraman tingkeban

  1. Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.
  2. Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, utaminipun ing wekdal pitung sasi.
  3. Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahamat saking Gusti Allah SWT.
  4. Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapa nipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.
  5. Menawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani dèning ibu bèsan. Ananging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dèning calon simbah putri nipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.
  6. Rerangkéning adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi sadéréngipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayi nipun badhe lair kakung, saha kosok walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul.
  7. Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, arupi yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.

Ubarampè Upacara Tingkeban

Ubarampè ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih awujud manèka werna dhedharan. Dènè ancasipun wonten dhedharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.
  1. Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.
  2. Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
  3. Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tèla, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru.
  4. Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun.
  5. Dawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Menawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu.
  6. Sajén Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggè lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados mekaten.
  • sekul jenè ingkang bentukipun kerucut.
  • sekul loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
  • entén-entén, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
  • bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.

Wonten ing upacara tingkeban kedah wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika.

Wekdal Upacara Tingkeban

Upacara tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo utawi setu ing tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih menawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badhè dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados larè ingkang pinter. Wekdal kangge ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing wanci 09.00 - 11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka simbol wontenipun kekareman ingkang suci saha resik saking pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul 15.00 - 16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing bumi kagem siram.

Pirantos Upacara Tingkeban

Sapèranganing pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kanggè upacara tingkeban ing antawisipun 1 mèja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun dipuntutup malih kaliyan bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawi lentrek, ron dhadhap serep, ron kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala wau kanggè lambaran menawi saweg nyirami.[3]
Pirantos sanésipun ingkang dipunbetahaken inggih punika:
  1. Bokor. Bokor dipunisi toya sekar setaman kanggè upacara siraman.
  2. Bathok. Dipunginakaken kanggè cidhuk ing upacara siraman.
  3. Boreh, dipunginakaken kanggè gantosipun sabun ing upacara siraman.
  4. Kendhi, dipunginakaken kanggè nyirami ingkang kaping pungkasan.
  5. Lap andhuk.
  6. Kalih setengah méter kain pethak.
  7. Tigan ayam kampung setunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing.

Busana Upacara Tingkeban

Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan dalam, kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stagéén. Dènè busana ingkang dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng nganggè perhiasan.

Sesajén Tingkeban

  1. Tumpeng robyong mawi kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungoréng.
  2. Ayam bekakah 1 pasang (ayam ingkung)
  3. Bubur pethak 1 piring
  4. Bubur sengkala 1 piring
  5. Bubur abrit 1 piring
  6. Pényon utawi plérét 1 piring
  7. Ketupat lepet (namung kanggè sarat kemawon)
  8. Manèka warna woh-wohan
  9. Jajan pasar saha pala kependhem
  10. Arang-arang kembang 1 gelas
  11. Dhawet ayu

http://jv.wikipedia.org/wiki/Upacara_tingkeban

Cerita Cekak Basa Jawa

Cerita Cekak Basa Jawa: Kuncung Bawuk, Sandal Jepit Anyar, lan Udan Awu Gunung Kelud

Esuk-esuk naliko wis kalung anduk arep adus, Kuncung kaget weruh langit isih peteng ndedet kaya tengah wengi, padahal wis wayahe jam enem esuk. Dheweke sansaya kaget weruh saka cendela menawa plataran omahe rupane dadi abu-abu. Kabeh barang ning latar dadi hitam putih kaya foto jaman mbiyen. Wit-witan sing maune ijo dadi abu-abu. Semana ugo suketan dadi abu-abu semu putih. Gendeng pendopo katon abu-abu, blumbang iwak emas saiki rupane putih kaya kolam susu.

"Wah, iki mesti udan awu meneh" celathune Kuncung

Kuncung krungu Bapakne ngendika menawa saiki lagi udan awu amarga Gunung Kelud njebluk. Katone awune luwih akeh tinimbang naliko Gunung Merapi njebluk sawetara taun kepungkur. Padahal Merapi kur 20 kilometer sisih lor Jogja. Lha iki Gunung Kelud rak neng Jawa Timur, cedhak kutho Kediri. Jarake mesti ora kurang saka 250 kilometer, nanging kok awune luwih akeh? duniashinichi.blogspot.com

"Kuncung sajake Gunung Kelud energine luwih gedhe dibanding Gunung Merapi, dadi jeblukane luwih gedhe lan awune luwih akeh. Apike kowe rasah mlebu sekolah ndisik. Tak kiro sekolahmu ya bakal prei, amarga mbebayani menawa bocah-bocah pada mangkat sekolah ning kahanan kaya ngene. Mengko iso padha kecelakaan amarga dalan lunyu lan jarak pandang terbatas. Kesehatan mripat lan paru-paru uga iso keganggu dening awu gunung berapi" ngendikane Bapakne Kuncung 

"Wo ngono ya Pak. Gunung Kelud jeblukane luwih nggegirisi dibanding Gunung Merapi. Lha iki awu pirang-pirang iki nek kudanan rakyo gendenge awake dhewe dadi resik tho. Kaya bar diasahi nganggo awu!"

"Yo ora ngono kuwi Kuncung. Mengko menawa udane awu wis rampung awake dhewe kudu enggal resik-resik gendeng ben ora kabotan menawa kudanan. Awu tambah banyu dadi abot banget lan iso marakke gendenge ora kuwat nyangga bobote awu teles" ngendikane Bapakne.

"Wah nek ngono aku mengko melu resik-resik yo Pak. Lha ning sandal jepitku anyar je. Piye iki nek kena awu bakal dadi reget. Padahal le tuku we ning Joger je. Digawa adoh-adoh saka Bali bareng piknik sekolah wingi, kok tekan kene malah kur diregeti awu!"

"Mas Kuncung!. Sandalmu sing anyar kuwi disimpen wae ning lemari ben ora kena awu. Mengko nek reget rakyo sing getun kowe. Mengko nalika resik-resik nganggo sandal lawas wae. Eman-eman banget menawa sandalmu dadi reget" saur adhine sing dumadakan metu saka kamare.

"Hooh bener kowe Bawuk. Apike sandalku tak bungkus koran trus tak singgahke ning lemari. Ben ora keno awu" jawabe Kuncung

"Ya wis sakarepmu. Ngono ya rapapa" ngendikane Bapak karo ngampet ngguyu weruh anak-anake pada eman-eman banget marang sandal jepite Kuncung. Tumrap bocah cilik, saukur sandal jepit wis kalebu barang berharga.

Nanging Bapakne Kuncung banjur mikir menawa dheweke pada wae karo Kuncung, kur beda porsine. Mesthine tumrap wong soleh kaya Pak Haji -- dheweke sing isih makantil-kantil marang barang-barang kaya mobil, motor lan pomahan -- dianggep pada karo Kuncung sing seneng banget marang sandal jepite.

^_^

Udan awu Gunung Kelud wis suda dina esuke. Bapak, Kuncung lan adhine pada kerja bakti resik-resik ning njaban omah. Ibune resik-resik njero omah sing uga reget kena awu. Mesthi wae Kuncung ora nganggo sandal jepite anyar sing isih dieman-eman. Dheweke trimo nganggo sandal lawas sing wis dipeniteni amarga taline wis jebol. Pembuangan sandal lawas ditunda ngantek resik-resik bekas udan awu rampung.

Bapakne Kuncung menek nduwur gendeng terus nyaponi awu sing tememplek ning gendeng nganti resik. Kuncung nawu blumbang iwak sing rupane dadi putih coklat kaya kopi susu. Bawuk nyemproti wit-witan sing rupane dadi putih amarga kebak awu, ben ora pada alum. Sedino nutuk wong telu kuwi resik-resik njaban omah ngantek bengine pada turu nglinthek amarga kekeselen.  

Esuke sakwise adus, Kuncung kelingan karo sandal jepite sing anyar. Sandale sing lawas enggal-enggal dibuwang ning tempat sampah. Bar kuwi dheweke nggoleki sandal anyar ning lemari. Digolek-goleki ngantek setengah jam ora ketemu. Banjur takon marang Ibune sing wingi resik-resik njero omah.

"Ibu, panjenengan weruh sandalku sing anyar ora? Wingi tak delehke ning nduwur lemari!"

"Ora weruh je Cung. Wingi pancen ana sandal dibungkus koran ning duwur lemari. Nanging iku sandalmu sing lawas wong ketok sithik rupane kuning. Kowe iki rada sembrono. Deleh sandal jebol kok ning nduwur lemari. Mbok dibuwang wae, rakyo ngisin-ngisini menawa nganti konangan Eyangmu. Wingi sandal lawasmu  wis tak buang bareng sampah liyane ning gerobak sampah, nalika Pak Tukang Sampah liwat" ngendikane Ibune

"Aduh Ibu! Aduh Ibu! Piye iki, piye iki. Sing dibuwang kuwi sandalku sing anyar! Sandal jepit anyar le nggawa adoh-adoh saka Bali...." (Undil - 2014)

http://duniashinichi.blogspot.com/2014/02/sandal-jepite-kuncung-lan-udan-awu.html

Cerita Cekak Lucu Bahasa Jawa

Cerita Cekak Lucu Bahasa Jawa: Jaran Putih Pak Kadus


Pak Kadus nduwe jaran putih sing awake gedhe banget lan wulune putih memplak kinclong-kinclong. Jaran kuwi arane Turangga Seta. Kalebu jaran pilihan amarga awake rosa, lakune lincah lan mlayune banter banget. Ing tlatah Nusantara mungkin saukur Gagak Rimang, jarane Arya Penangsang sing iso ngalahke Turangga Seta. Saben ndina kebiasaane Turangga Seta dolan ning lapangan, utawa mlaku-mlaku turut pinggir ndesa, amarga ora ana gawean sing kudu ditandangi. 

Pak Kadus nduwe profesi dadi tukang gawe meriam-- langganane armada  kapal-kapal perang Ksatria Jepara-- amarga meriame wis terbukti kasil nyilemke pirang-pirang perahu Portugis wektu tempur ning tlatah sabrang lor, yaiku Selat Malaka. Jalaran sanes petani, kewan-kewan sing diingu Pak Kadus ora ana sing kudu kerja keras ning sawah,tugase sakderma dadi kelangenane Pak Kadus. Penduduk Kadipaten Jepara pancen arang-arang sing dadi petani, akeh-akehe dadi pedagang lan pengrajin, amarga ekonomi Jepara ngandelke perdagangan internasional.   
  
Sakjane tugase Turangga Seta iku dadi jaran tumpakane Pak Kadus. Nanging jalaran Pak Kadus ngrumangsani wis tuwo, dheweke wis arang-arang numpak jaran meneh. Malah dheweke wis tau nolak naliko arep disekolahke bab modifikasi meriam ning Stambul -- amarga rumangsa ora kuat meneh numpak kapal nganti pirang-pirang sasi.

Suwijining ndina jaran sing biasa narik andhong sikile kesleo, terus dirawat ning omahe Pak Mantri tangga desa. Ndilalahe dina kuwi pakane Turangga Seta pas enthek, dadi Pak Kadus kudu tuku pakan ning pasaring Kutho Jepara. Jarak omahe Pak Kadus karo pasar kurang luwih sepuluh kilo. Pak Kadus butuh kendaraan kanggo mara ndana. Sarene jaran sijine lagi lara, Pak Kadus arep nganggo Turangga Seta dinggo narik andhong.
Turangga Seta kaget nalika Pak Kadus marani kandhange, masang tali ning awake, banjur di geret nyedaki  andhong. Turangga Seta tambah kaget nalika dheweke diakon narik andhong dening Pak Kadus.
“Weleh-weleh Pak Kadus ini apa tho karepe? Aku lagi enak-enak turu malah kon narik andhong?” pikirane Turangga Seta
Sarene Turangga Seta ora gelem mlaku arepa taline andhong wis disendal-sendal, Pak Kadus banjur ngetokke pecut. Bokonge Turangga Seta dipecut ben gelem mlaku. Turangga Seta kaget banget dipecut bokonge. Saklawase dheweke lagi sepisan iki dipecut karo Pak Kadus.  Jaran kuwi banjur mlaku amarga wedi bakal dipecut meneh.  Awale mlakune timik-timik, wasan dipecut ping pindho karo Pak Kadus dadi mlayu radha banter.
Karo mlayu manut arahane Pak Kadus, Si Turangga Seta grenengan ning ati.
“Iki Pak Kadus arep ngapa tho ndadak ngajak aku mlaku-mlaku adoh kaya ngene. Mbok nek arep mlaku-mlaku ki ning cerak omah wae ben ora kesel.  Ora ngerti popiye nek mlayu ngeneki  agawe sikilku pegel-pegel!”
Turangga Seta terus mlayu narik andhong  lewat dalan kampung sing wis alus. Ananging sakwise tekan ning pinggir pantai dheweke kudu liwat dalan sing akeh wedine. Mlayune dadi rada angel. Turangga Seta banjur mlayune san saya rindhik, malah suwe-suwe dadi mlaku timik-timik meneh.  Pak Kadus weruh Turangga Seta mlaku rindik banget,  banjur mecut bokonge Turangga Seta.  
Jebretttt!
Dipecut sepisan Turangga Seta tetap mlaku timik-timik. Rumangsane Pak Kadus kur arep mecut sepisan wae, dadi ora apa-apa ora sah dirasakke.
Jebretttt!  Jebretttt! Jebretttt!
Pak Kadus mecut bokonge Turangga Seta ping telu. Banjur mecut meneh gegere Turangga Seta ping loro ngantek jaran kuwi kaget banget. Dheweke kaget amarga ora ngira Pak Kadus bakal mecut bola-bali. Kepeksa dheweke mlayu meneh narik kereta lewat dalan sing akeh wedine kuwi.  Karo grundelan Turangga Seta mlayu kanthi ngati-ati ben ora kepleset
“Prendis tenan iki!. Aku kok dikon peplayon terus kawit mau.  Ngapa tho Pak Kadus iki kok aneh-aneh wae?. Ngajak lelungan menyang pasar ki ngapa tho?. Lha mbok tenguk-tenguk ning ngomah wae rasah kakean polah kaya ngene!  Dasar prendis!
Turangga Seta ora ngerti menawa pasar kuwi papane wong adol pakan kanggo dheweke. Pasar ing kutho Jepara kalebu pasar sing paling rame ing tlatah Nusantara. Papane ning pinggir pelabuhan Jepara. Pedagang sing dodolan ning kono rata-rata nduwe kapal dagang. Asale saka rupa-rupa bangsa, kalebu bangsa Arab, India, Cina, Afrika, Portugis, Perancis, Inggris, lan uga pedagang Jawa. Saudagar-saudagar Pulau Jawa terkenal nduwe kapal-kapal dagang raksasa sing diarani kapal Jung, kanggo ngangkut rempah-rempah saka tlatah pulau-pulau wetan kaya Ternate lan Tidore.

Biasane Pak Kadus menyang pasar seminggu sepisan. Mulihe dheweke nyangking barang-barang kanggo gawe meriam kayata: wesi, kuningan, lan perunggu. Kadang-kadang Pak Kadus mampir pabrik mesiu ning Bergota saperlu tuku bahan peledak dinggo njajal meriam. Pak Kadus ora lali mesthi tuku pakan dinggo ingon-ingone, kalebu kanggo Si Turangga Seta. Dina iki malahan Pak Kadus kur tuku pakane Turangga Seta thok, jalaran mesakke menawa Turangga Seta sing ora kulina narik andhong, kudu narik andhong sing momotane akeh.

Kira-kira jam sewelas andhonge Pak Kadus tekan pasar. Turangga Seta gumun banget weruh ana atusan kapal-kapal dagang raksasa sing lagi sandar ning Pelabuhan Jepara. Dheweke uga lagi sepisan iki weruh pedagang cacahe ewon sing warna kulite beda-beda tumplek blek ning pasar. Nanging sarene awake kesel banget, Turangga Seta ketungkul grenengan marang nasibe kudu nggeret andong.

Pak Kadus mlebu pasar saperlu tuku pakan kanggo Turangga Seta. Sakwise leren sedhela, Pak  Kadus numpak andhong lan ngarahke Turangga Seta supaya narik andhong mangkat bali ning kampung meneh. Karo grundelan Turangga Seta narik andhong mulih ning ndesane.
Sakwise tekan omah, Pak Kadus nuntun Turangga Seta bali ning kandhange. Sebagian pakan jaran sing digawa andhong  dipakakke marang jaran putih kuwi.  Turangga Seta tambah anyel meneh
“Gene ki aku kur arep diwenehi  pakan ngene kiyi! Lha kok mau ndadak dikon mlayu-mlayu barang tekan kutho Jepara.  Aneh tenan Pak Kadus iki. Mbok kawit mau aku langsung dipakani wae ora sah dikon mlayu-mlayu  ndisik!” (Undil – 2012)           
 
 
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/jaran-putih-sing-kurang-wawasan.html

Cerita Cekak Basa Jawa

Cerita Cekak Basa Jawa: Dongeng Kancil lan pitik sing rebutan endog

Suwijining dina Sang Kancil lagi mlaku-mlaku ning kidul Pasar Bantul. Dheweke weruh langit isih peteng, kamangka saiki wis jam sepuluh awan. Srengenge ora ketok, malah katon ana sejenis debu sing medun saka langit. Omah lan wit-witan katon rupane dadi putih-ireng amarga katutup awu. duniashinichi.blogspot.com
"Wah iki mesthi udan awu. Sajake ana gunung sing njebluk, terus awune jalan-jalan tekan kidul Pasar Bantul" pikirane Kancil wasiat
Kancil banjur mampir ning Bakso Bangjo sing warunge mapan ning sakidul Pasar Bantul. Dheweke wis sawetara suwe kakancan karo Mbak Dewi, koki sekaligus merangkap juragan sing nduwe Bakso Bangjo. Racikan baksone sing mantep marakke Kancil kepengin mampir pendak dolan ning Bantul. Rugi rasane adoh-adoh tekan Bantul ora ngrasakke gurihe bakso. Weruh Kancil mlebu ning warunge, enggal-enggal Mbak Dewi ngruruhi duniashinichi.blogspot.com
"Woooo kowe tho Kancil. Mrene-mrene mlebu ndene. Wiwit wingi ana udan awu amarga Gunung Kelud njeblug. Wis kowe leren kene ndisik, mengko tak wenehi masker ben ora watuk merga irungmu kelebon awu" duniashinichi.blogspot.com
"Gunung Kelud tho sing njeblug! Wah pantes awune akeh banget. Jeblukane Gunung Kelud pancen sok gedhi banget, ngantek awune tekan ngendi-ngendi" jawabe Kancil
"Kebetulan kowe mampir kene Kancil. Saiki aku lagi ana masalah. Ingon-ingonku Pitik Lehor karo Pitik Kalkun lagi kerengan amarga endoge kena awu Gunung Kelud, dadi ora iso dibedakke" celatune Mbak Dewi

Endog pitik lehor rupane putih lan gedhi, endog pitik kalkun uga gedhi, nanging rupane putih bintik-bintik ireng kaya endog gemak. Amarga kena awu, saiki endog kalorone  rupane dadi ireng, ora iso dibedakke. Padahal pitik loro kuwi lagi pada ngangremi endog, panggonane jejer, ning ngisor wit empring. Mungkin amarga wingi ana angin gedhe endoge pada glundung, nyampur dadi siji ora iso dibedakke.
Wiwit mau esuk pitik loro kuwi pada kerengan. Rebutan endog sing kudu diangremi. Kabeh kepengin ngangremi endog cacahe rolas. Padahal kudune masing-masing ngangremi endog enem. Nanging amarga ora gelem endoge diangremi pitik liyane, dadi rebutan ngangremi endog rolas. Ora ana sing gelem ngalah.
Krungu critane Mbak Dewi, Kancil banjur marani Pitik Kalkun karo Pitik Lehor sing lagi padu.
"Wis jan, kowe cah loro ki pancen ngisin-ngisinke bangsa pitik. Mosok saukur ngangremi endog we ndadak padu!" celatune Kancil
"Wweeee mbok aja nuduh kaya ngono Sang Kancil. Iki salahe Pitik Kalkun, mbiyen le ngendog kok cedak-cedak aku. Padahal isih akeh panggonan ning kebon. Ngendog ning ngisor wit kambil rakyo iso tho!" kandhane Pitik Lehor
"Wow! Pengawuran sekali kowe Pitik Lehor! Panggonan sing eyup tur anget ki ya mung ning ngisor wit empring. Menawa ning ngisor wit kambil aku iso benjut ketiban bluluk no!" bantahane Pitik Kalkun
"Wis-wis rasah pada kerengan. Saiki ngene wae. Aku tak takon marang kowe Pitik Kalkun lan Pitik Lehor. Sesuk menawa endoge wis netes, kowe cah loro pada iso mbedakke anak kalkun karo anak lehor ora? pitakone Kancil
"Yo iso no! Bentuke beda, cucuke beda, wulune ya rada beda. gampang dibedakke!" jawabe Pitik Lehor
'Gamping banget le mbedakke Sang Kancil. Rupane anakku beda karo anake Lehor" celatune Pitik Kalkun 
Kancil banjur neruske nasehate.
"Geneki ya gampang dibedakke. Mbok rasah pada kerengan. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen wis netes menawa ketukar garek diijolke!. Rakyo gampang tho? Rasah nganggo padu barang!"
"Bener kowe Sang Kancil. Apike ngono wae. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen wis netes garek diperiksa kleru apa ora!" celatune Pitik Kalkun
"Aku setuju. Wis nek ngono endoge dibagi loro wae. Aku angrem enem, Pitik Kalkun uga ngangremi endog cacahe enem" tambahe Pitik Lehor
^_^
Dina kuwi Pitik Kalkun lan Pitik Lehor leren anggone padu. Endoge dibagi loro. Sesuk menawa keliru bakal diijolke bar netes. Sakwise perkara remeh iki rampung, Sang Kancil enggal-enggal lingguh ning dapur karo pesen Bakso Malang komplet. Ora lali nganggo bakso urat telu sing dadi karemenane. Kriuk-kriuke pangsit uga wis dadi kelangenane pendak mara ning Bakso Bangjo. Dina iki karo Mbak Dewi dheweke ethuk mangan Bakso Bangjo sakkarepe, amarga wis iso ngakurke Pitik Lehor lan Pitik Kalkun (Undil-2014). 
 
http://duniashinichi.blogspot.com/2014/02/cerita-cekak-basa-jawa-dongeng-kancil.html

Sumpah Palapa = Pasa Mutih?

“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”
Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.
Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.
Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing dibumboni.
Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.
Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.
Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.
Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.
Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.
Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan, pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.
Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.


https://jayabaya.wordpress.com/2007/01/16/sumpah-palapa-pasa-mutih/#more-97

Sinau Nulis Aksara Jawa



Sinau Nulis Aksara Jawa
Aksara jawa berbeda dengan huruf Latin yang kita gunakan sekarang ini untuk menulis. Dalam penulisannya aksara Jawa tidak menggunakan spasi. Aksara jawa terdiri dari :
1.   Aksara Carakan

Aksara inti yang terdiri dari 20 suku kata ato biasa disebut Dentawiyanjana, yaitu :
ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga ;

2.  Aksara Pasangan
Bentuk mati (huruf) dari aksara inti, yaitu :
h, n, c, r, k, d, t, s, w, l,
p, dh, j, y, ny, m, g, b, th, ng
;
2.    2.   Aksara Swara
 
Biasanya untuk huruf awal penulisan nama kota atau nama
orang yang dihormati yang diawali dengan huruf hidup,
yaitu : A, I, U, E, O
3.      Aksara Rekan
Untuk penulisan huruf-huruf yang berasal dari serapan bahasa
asing, yaitu : kh, f, dz, gh, z
4.      Aksara Murda
Biasanya untuk huruf awal penulisan nama kota ato nama
orang yang dihormati, yaitu : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba
5.      Aksara Wilangan
Untuk penulisan bilangan dalam bahasa Jawa,
yaitu angka 1 s/d 10 dalam aksara Jawa.
6.      Tanda Baca (Sandangan)
Merupakan tanda baca yang biasa digunakan, huruf hidup
serta huruf mati yang biasa dipakai dalam bahasa sehari-hari,
yaitu tanda : koma, titik, awal kamimat, dll
huruf : i, o, u, e.
huruf mati : _r, _ng, _ra, _re, dll
Setelah menguasai aksara-aksara di atas, kita tidak bisa langsung menggunakannya untuk menulis sebagai mana ejaan dalam bahasa Indonesia yang baik dan benar. Sebab ada beberapa hal yang menjadi perkecualian dan menjadi aturan tambahan


http://sinausastra.blogspot.com/2014/01/sinau-nulis-aksara-jawa.html