Senin, 12 Januari 2015

geguritan

Eklasna

Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur angite katon mendung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangi ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran ora bakal mati amarga ngelih mumpung isih esok
Kanthi pangestu ingkang panumpuk-numpuk
Gunung lawu lan semeru mung kathon sepunthuk kabeh bakal taklangkahi
Senadyan kudu nasak kebondhotan eri
Aku lunga perlu makarnya
Ora mung angon kebo  ing ora-ora sandyan aku ngerti
Lan ijeh kudu nganggo gambar Jendral Sudirman sakethi
Sugeng enjeng bapak biyungku
Sugeng enjeng desaku
Kang tansah kinemulan langit biru
Eklasa dina isih bias ketemu
 
 
http://7-software.blogspot.com/2012/02/geguritan-bahasa-jawa-asli.html

geguritan

Dewi Asmara

Angina wengi iki
Alus tumiyub, angusap buana
Ombak segara gegojekan
Kadya kita kang lagi
Lelumba ing kidung asmara
Nagging kuwiamung gegambaran
Kang sengara kanggo kenyata
Amarga yen sinawang liyan
Aku iki mung pindha
Bantala rengka, kang mung bisa
Nganti-anti tetesan embun ketresnaan
Amung bisa sumarah, nyenyuwun
Kapan baya sirah wanodyan kersa
Kadya Dewi Asmara
Kang bakal nyuntak embun ketresnaan
Bebrayan nganti entek ing jaman
Anging wengiisih tumiyub
Ombak segara isih gegojekan
Aku isih nglangut nganti-anti
Kapan tekanmu Dewi Asmara
 
http://7-software.blogspot.com/2012/02/geguritan-bahasa-jawa-asli.html

geguritan

Kanggo sliramu

Kanggo sliramu
Rembulan kang nangis ing kamar sepi
Kanggo sliramu
Srengenge mati ing cakruk parondhan
Kanggo sliramu
Rahina kang kalangan mustikane prawan kencur
Kanggo sliramu
Wengi kang nyekseni palnyahan mbukak beha
Kanggo sliramu
Maesan kang nampani komisi lan pungli
Kanggo sliramu
Bumi kang ngajangi badhut-badhut tetopengan
Kanggo sliramu
Jagat kang kabotan nyangga laknat
Kanggo sliramu

Pangangen kang ngganduh ati selingkuh
Kanggo sliramu
Kanggo
Sliramu
Sliramu
MU…
 
http://7-software.blogspot.com/2012/02/geguritan-bahasa-jawa-asli.html

geguritan

GURIT KATRESNAN

 Katresnan iku geguritaning urip sejati
 pepadang sajroning pepeteng
 biso digawe nannging ora biso digawe-gawe

 Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumndak dudu
 Kayadene: Drengki, Srei, dahwen lan pati open

 Katresnan iku larang regane ora biso dituku
 lan ditiru sarono bondo dunyo lan rojo brono
 Liyana, jalaran toh-tohane nyowo

 katresnan iku dalan kang tumuju marang bener
 kebak dening roso lan pepadhang
 Lilo lan legowo lair thumusing bathin
 kaya dene gegodhongan kang gogorog saka uwit
 ora ngarep-arep bakal baline
 melu ngrasakake panandhanging liyan

 katresnan iku ora mbedak-mbedakake
 Cendek duwuring pangkat
 asor luhuring drajat
 lan gegebenganing urip kang rinasuk
 anane mung welas lan asih
 suka pitulung marang sapa bae

http://katacintadanmutiara.blogspot.com/2013/02/contoh-geguritan-katresnan-cinta.html

geguritan

RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang: Budhi setyawan

geguritan

Babad Wedhi Pasisir

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar

geguritan

UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu 
 
http://imam-murtaqi-online.blogspot.com/2012/04/contoh-geguritan-puisi-bahasa-jawa.html